Warga Dusun Salam. Mranggen, Purwoasri, Kediri sedang Halal biHalal setelah Sholat Ied. |
Halal bi Halal, Ijtihad Jenius Ulama Nusantara Mengisi dan Menghayati Makna Idul Fitri.
Suatu hari almukarram Pak Dr. Quraish Shihab didatangi para sarjana Al Azhar Mesir. Mereka bertanya arti "halal bi halal" yg merupakan ijtihad Islam Nusantara yg ingin mereka pelajari.
Selama ini ada anggapan bahwa KH Abdul Wahab Chasbullah, salah seorang pendiri NU, adalah yang pertama melontarkan ide halal bi halal di era Soekarno 1950-an. Ini yg ditulis dalam web NU Online.
Sebetulnya beliau hanya melanjutkan ijtihad ulama Nusantara yg sudah muncul sebelumnya.
Coba cek teks Jawa dalam aksara hanacaraka Jurnal Narpawandawa Surakarta edisi 5 Mèi 1935, ada tulisan khusus tentang "halal bihalal" (artinya ini sudah mentradisi jauh jauh sebelumnya...):
"Nuwun, sampun dados tatacaranipun têtiyang Jawi, sabên ing dintên riyadin, Siyam, dipun utamèkakên silahtulrohmi, sarta alal bihalal, silatulrohmi têmbung Arab, têgêsipun: nyambung sih. Dene alal bihalal punika Jawinipun: apura- ingapura."
(Pembaca sekalian mohon maaf. Sudah menjadi tradisi orang-orang Jawa [dan penduduk Islam Nusantara] di setiap Hari Raya usai bulan Puasa mengutamakan mengadakan silaturahim serta halal bihalal. Silaturahim itu bahasa Arab yg berarti menyambung kasih sayang. Sementara halal bihalal berarti dalam bahasa Jawa saling maaf memafkan).
Ini kutipan lengkap tulisan tersebut (silakan sebarkan dan dietrjemahkan untuk memahami arti halal bihalal seperti diijtihadkan ulama Nusantara kita.. isinya sangat mendalam... thanks mas Sururi Arumbani yg ngigatin tulisan ini).
TEKS LENGKAP:
Nuwun, sampun dados tatacaranipun têtiyang Jawi, sabên ing dintên riyadin, Siyam, dipun utamèkakên silahtulrohmi, sarta alal bihalal, silatulrohmi têmbung Arab, têgêsipun: nyambung sih. Dene alal bihalal punika Jawinipun: apura- ingapura. Tatacara makatên punika sajatosipun agêng sangêt pigunanipun, lan lêbêt sangêt raosipun, awit manungsa punika rintên dalu tansah kinêpang dening panggodha, ingkang nênuntun dhatêng para manungsa supados êcrah lan pasulayan kalihan sadhèrèkipun piyambak, môngka inggih êcrah punika tuking sadaya kacilakan, sawênèhing bôngsa utawi grombolaning manungsa ingkang sampun kalêbêtan raos congkrah tuwin pasulayan, punika ngalamat badhe pêcah, ical kakiyatanipun, lan nistha ing gêsangipun, asor drajadipun tuwin tangèh lamun manggih kamulyan, paribasan ing têmbung Walandi Eendracht maakt macht, tweedracht breekt kracht. têgêsipun: rukun gawe santosa, crah gawe bubrah. Sajakipun sampun nyata pinanggih wontên ing bôngsa kula Jawi. Wontênipun tinitah ringkih, asor lan bodho punika jalaranipun botên liya inggih saking anggènipun rêmên congkrah lan pasulayan sasêdhèrèkipun piyambak.
Nuwun, alal bihalal punika kalêbêt saperanganing sarana kangge ngicalakên sêsakit congkrah lan pasulayan, lan kenging dipun angge ngrukunakên para manungsa. Namung emanipun prakawis ingkang kados makatên saenipun punika têrkadhang namung dipun angge adat lan sajakipun dipun sapèlèkakên dening tiyang kathah, anggènipun damêl alal bihalal namung patut-patute. Mila wontên ing ngriki Narpawandawa pêrlu nêrangakên kadospundi sèlèhipun alal bihalal ingkang saèstu, tuwin kadospundi ingkang nama alal bihalal ingkang tinarimah dalah titikanipun pisan, sampun kula aturakên ing ngajêng bilih para manungsa punika tansah dipun godha dening kawontênan, supados êcrah lan pasulayan, punika panulakipun botên liya kajawi para manungsa punika tansah dipun rukunakên, ing môngka alal bihalal punika satunggaling sarana kangge angrukunakên para manungsa, nitik saking têgêsipun têmbung, nyambung sih: sarta: apura-ingapura. Mila pêrlu kula angaturakên punapa têgêsipun rukun, wontên ingkang nyuraos bilih ingkang nama rukun punika, kêmpaling tiyang sawatawis, ingkang nuju dhatêng satunggaling bab,
kosokwangsulipun manawi wontên tiyang ingkang botên purun ngêmpal ing ngriku, lajêng dipun wastani botên purun rukun. Panyuraos ingkang kados makatên punika inggih sampun cêlak lêrêsipun, nanging kirang katranganipun. Sarèhning rukun punika anggadhahi têgês ingkang utami (heeft zijn gunstige beteekenis) amila jangkêpipun kêdah makatên: rukun punika kêmpalipun tiyang sawatawis ingkang nuju dhatêng satunggaling bab, sarta satunggal tuwin sawênèhipun sami anggadhahi pangowêl tuwin sih sarta trêsna. Dados sanajan kêmpal nanging manawi nuju dhatêng prakawis ingkang botên sae, ambêborosi sapanunggilanipun, punika inggih botên kenging winastan rukun, amargi botên adhêdhasar trêsna sarta pangowêl. Gambaripun tiyang ingkang sami nglêbêti kongkrus, sanajan kêmpal dados satunggal, inggih nuju dhatêng satunggaling bab, nanging jalaran sêpên raos trêsna tuwin pangowêl, dêstun malah angangkah kojuring kancanipun, punika dede nama karukunan, dene gêgambaran ingkang gampil tinampi rukun punika pinanggih wontên ing biyung lan anakipun. Wontênipun namung trêsna, owêl sangêt manawi ngantos dados awon, sanajan anakipun awon dikadospunapa wujudipun, ewadene botên angsal saupami dipun lintoni ingkang sae rupinipun, nanging sanès anakipun, mila saupami anakipun wau polahipun wontên ingkang kirang prayogi, namung tansah dipun ewahi sarta dipun lêrêsakên. Watêkipun tiyang ingkang trêsna, sanajan anggènipun anglêrêsakên botên andadosakên rênaning ingkang dipun lêrêsakên, punika sampun botên dipun manah, amargi ingkang dipun èsthi namung tiyang ingkang dipun trêsnani sagêda dados sae, makatên punika ingkang nama rukun sêjati. Satunggal-tunggaling tiyang kêdah anggadhahi raos kados pangrêngkuhing biyung dhatêng anakipun wau, dados pigunanipun alal bihalal punika, supados para manungsa wangsul rukun, sampun ngantos wontên cêcongkrahan, sarta pasulayan, dhawuhipun Pangeran wontên ing Kuran: Waktasijmoe bie hablillah djamingan walaa tafarrokoe Jawinipun: padha gêgondhelana talining Pangeran, lan aja padha crah pasulayan, mila prêlu sangêt kula sadaya para wandawaning nata, nyumêrêpi têgêsipun wau punika. Wondene titikanipun alal bihalal ingkang tinarimah, têgêsipun wontên wohipun punika, manawi sasampunipun alal bihalal,
karukunanipun malah saya suda katimbang nalika dèrèng alal bihalal, punika titikanipun bilih sêjaning alal bihalal botên dados. Dene manawi sabibaripun alal bihalal, karukunanipun saya tambah, makatên ugi katrêsnanipun dhatêng sanak sadhèrèk inggih wêwah supêkêt, punika satunggaling tôndha tinarimahe alal bihalalipun.
Mênggah margi utawi saratipun, supados alal bihalal cara Narpa punika sagêd kadumugèn sêjanipun, ing ngriki badhe kula bèbèrakên jampinipun, sanajan taksih angèl badhe anindakakên, nanging pangraos kula sampun dumugi kalamangsanipun kula aturakên wontên ing pêpanggihan dalu punika. Inggih punika para manungsa kalêbêt kula panjênêngan sadaya kêdah wani ngangge wêwatêkan sarining asal dumadining gêsang 4 prakawis, angin, toya, latu, sarta bantala. Têrangipun makatên:
1. Ambêging angin, ... ngadil. Andhatêngakên sadhengahing gônda, wangi, bangêr, utawi sanèsipun dhatêng pundi ingkang sinêdya, sintên kemawon botên pilih-pilih, sanajan ingkang kataman mangke cungir- cungir.
2. Ambêging toya ... botên tabêtan, sanajan dipun pêdhang kaping: 1000 sadintên, inggih wangsul pulih sami sanalika, botên tabêt sakêdhik-kêdhika, makatên punika ambêging toya.
3. Ambêging latu, ... botên wêgah tumandang, sanajan kajêng, tosan, waja, cêkakipun punapa kemawon, dipun gulawênthah saingga sagêd bêntèr, saingga sadaya wau nurut dhatêng piyambakipun.
4. Ambêging bantala, ... kadhudhuk kadhudhah tansah ngêdalakên amat, botên pilih-pilih, sintên kemawon sagêd nampi amating siti, janji pangolahipun kalêrêsan.
Samantên punika gawatipun katrangan alal bihalal, mila môngga kula sadaya ngrumiyini nyukani tuladha supados wangsul kaluhuran kamulyan sarta karukunan kula, sadaya trahing nata. Taksih wontên sambêtipun. (SELESAI)
RUJUKAN TEKS LENGKAP yg sudah dilatinkan:
Tidak ada komentar: